KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 54 - Nyuwun Aksama

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 53 KPK 55 ⇨

KPKA54: Nyuwun Aksama

1

Dhuh Gusti kang Mawilasa mugi paring aksama
kula getun de klepatan nglawan dhateng Pangeran
nglirwakken dhawuh Paduka manut hardaning dosa
temah tan ngraosken tentrem tebih sin gesang langgeng

2

Dhuh Gusti kang Mahatresna mugi ngruwat kawula,
temah kula dados suci tetunggilan lan Gusti,
manah kang peteng wit dosa enggal pulih lejara,
pangajeng-ajeng binuka ngener mring Allah Rama

3

Dhuh Gusti kang Mahakwasa mugi nuntun kawula,
ngambah ing margi utami mbangun turut mring Gusti,
nyingkur mring karseng pribadi wit kwasaning Roh Suci,
nglawan kapencuting donya mrih raharja slaminya.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Nyuwun Aksama


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 54 - Nyuwun Aksama