KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 337 - Kasanggeman Ing Warsa Enggal

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 336 KPK 338 ⇨

KPKA337: Kasanggeman Ing Warsa Enggal

1

Siyang dalasan ratri silih gumanti
tan ana kang langgeng ing bumi,
mung sih katresnaning Allah kang Makwasa
lan katresnanira kang langgeng nyata.

2

Nadyan kita asring nindakaken dosa,
nging Gusti gung ing pangaksama,
yogya kita tan dlarung wangkot ing ati,
nimbangi gunging sih rahmating Gusti.

3

Warsa enggal nelakaken gung sih rahmat,
mrih tyang dosa samya mratobat,
yogya kita ngudi urip mursid yekti,
mbangun turut, ajrih asih mring Gusti.
Panutup:
Amin.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Kasanggeman Ing Warsa Enggal


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 337 - Kasanggeman Ing Warsa Enggal