KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 304 - Brayat Kang Nengsemaken Sesami

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 303 KPK 305 ⇨

KPKA304: Brayat Kang Nengsemaken Sesami

1

Brayat kang tinangsulan ing tresna tetales pitados mring Gusti
mesthi ayem tentrem lan raharja, atut rukun wah lestari,
silih asah lan asih silih asuh tan pamrih
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.

2

Brayat kang tresnanira sayekti kados sihe Sang Kristus Gusti,
lung tinulung silih angladosi tan nguja karseng pribadi,
yen bebaya anrajang linawan sesarengan,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.

3

Brayat kang mbangun turut mring Gusti tegen ndedonga lan ngabekti,
kraos lan rumaos nampi berkah jroning bingah dalah susah,
gesangnya kagem Allah blaba berbudi tansah,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.

4

Brayat ingkang satuhu sembada mesthi datan anguciwani,
kalamun pinaringan momongan pinerdi bekti mring Gusti,
wasis nging lembah ati blaba nging gemi stiti,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Brayat Kang Nengsemaken Sesami


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 304 - Brayat Kang Nengsemaken Sesami