KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 269 - Pamarta Kula Agesang

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 268 KPK 270 ⇨

KPKA269: Pamarta Kula Agesang

1

Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang kang sinalib gesang,
dennya seda krana kula wungune dados panjernya, kula ndherek gesang
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

2

Gesang Gusti kang wus seda lebur panguwasaning dosa salir tyang raharja
gung sihe Gusti mring kula mila sinung gesang nyata kula ndherek gesang,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

3

Gusti gesang lajeng minggah dhateng tengenipun Allah jumeneng pantara
sihnya angayemken manah gesangnya nuwuhken bingah yogya den pepuja,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

4

Gusti Pamarta kang gesang nimbali marek salir tyang, kinen pracayaa
tan wonten gesang sejati namung krana Yesus Gusti kang agesang mulya,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

4

Tyas kula saestu girang de gadhah Pamarta gesang, pangrehe slaminya
mila kula darbe tekad ngundhangken Injil mring jagad dimen ndherek gesang,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Pamarta Kula Agesang


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 269 - Pamarta Kula Agesang