Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 255 - Sang Kristus Manungsa Sampurna

Dari Kidung
Navigasi lagu:
<htmlet>kpka</htmlet>

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


KPKA255: Sang Kristus Manungsa Sampurna

1

Manungsa sampurna yekti yeku Kristus Gusti
mbabarken tresna nyata srana kurban nyawa
sangsara dumugeng seda nebus gung manungsa
temahan samya waluya luwar sing antaka

2

Sang Kristus jalma sampurna mbabar tresna nyata
saliring tyang den tresnani dalah kang mengsahi
tan nandukken kekerasan ngegungken kadarman
yogya samya den tuladha olah tresna nyata.

3

Sang Kristus manungsa suci citreng Allah yekti
labuh labet mring sesami leladi lir abdi
sinalib nggih den lampahi mrih jalma basuki
lampah gesang gung utami mung nulad mring Gusti.


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 255 - Sang Kristus Manungsa Sampurna