KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 244 - Dalu Adi

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 243 KPK 245 ⇨

KPKA244: Dalu Adi

Syair: Malam Kudus

1

Dalu adi abyor cahyeng kartika
dalu suci miyosing Pamarta

jagad raya kang risak wit duraka
den pulihken pindha Pirdus mulya

pra manungsa kang sangsara wit dosa
linuwaran mrih tentrem raharja

Reff:

mangga sujud saosbekti mring Gusti
dalu adi Panebus wus manjalma
dalu suci Sang Kristus wus prapta.

2

Dalu adi lintang panjer sung cahya,
dalu suci rawuhing Sang Putra,

bayi suci rinengga kaapesan
karsa mbikak korining kaswargan,

angrukunken Allah kalyan manungsa
wah sung gesang sayekti sampuma

Reff:

3

Dalu adi Sang putra tedhak donya,
dalu suci malekat sung puja,

kang Mamulya karsa ngesorken srira,
ngrembat dosa mrih jagad slameta,

dayaning pati mangkya ingasorken,
pra manungsa sinung gesang langgeng

Reff:

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Dalu Adi


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 244 - Dalu Adi