KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 17 - Pamuji Konjuk Mring Allah

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 16 KPK 18 ⇨

KPKA17: Pamuji Konjuk Mring Allah

1

Pinuji Allah Sang Rama kang nitahken. jagad raya
wah tansah nglestantuna sung mangsa jawah ketiga
nenanem panenan uga alam runtut tinata.

2

Pinuji Allah Sang Putra kang nylametken gung manungsa
paring tentrem raharja sumrambah pra makluk wrata
luwar sing pangrehing dosa dadya Pirdus sadonya.

3

Pinujia Sang Roh Suci yeku kang nganyarken ati
temah mursid sayekti nggih rukun klayan sesami
wah asih mring alam ugi bawana ayu edi.

4

Dhuh Rama, Putra, Roh Suci tetiga tunggil Hyang Widi
pinujia pinundhi samukawisnya sampurna
krana pakaryan Paduka Dhuh Gusti "maranatha".

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Pamuji Konjuk Mring Allah


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 17 - Pamuji Konjuk Mring Allah