Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 69 - Kasetyaning Allah

Dari Kidung
Revisi sejak 11 September 2012 14.44 oleh Kidung (bicara | kontrib) (1 revisi)
(beda) ← Revisi sebelumnya | Revisi terkini (beda) | Revisi selanjutnya → (beda)
Navigasi lagu:
<htmlet>kpri</htmlet>

⇦ Kembali ke Kidung Persekutuan Reformed Injili


KPRI69: Kasetyaning Allah

Lagu: tidak diketahui Syair: tidak diketahui

1

Kasetyaning Allah datan gingsir,
kang pinilih nggih ugi den timbali
tansah pinirsanan sadayane, prajanji nya tamtu dipun tetepi
samukawis kang kinaryakaken, rinampungken.

2

Sabda lan kwasane Allah nyata
saben jaman winengku ing pangrehnya
astanya kukuh miwah santosa ngasta pangadilan ing salamanya
landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan.

3

Sang Roh Suci kang kagungan karsa
mbikak kekeraning gesang sanyata
pasamuwan tinuntun astanya rineksa dugeng kasampuman nyata
nggih dados warganing kraton swarga salamanya.


Cari videonya:
Kasetyaning Allah


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Persekutuan Reformed Injili 69 - Kasetyaning Allah